Naskah Teater Komedi Singkat Dalam Rangka Maulid Nabi
Panggung kosong.
Oleh: A. Shodiq
Oleh: A. Shodiq
1: (masuk panggung) Assalamu’alaikum Wr. Wb. Di
suasana mauled Nabi ini tidak ada habisnya jika kita membahas betapa hebatnya
Nabi kita, junjungan kita, kekasih kita, Rasulullah Muhammada SAW. Allaahumma
Sholliy wa salim ala sayyidina Muhammad…. Saya akan membacakan sebuah puisi
yang berjudul….. (bersiap membuka kertas puisi)
2: (masuk) Eh bro, aku ono masalah.
1: masalah opo? Ganggu wae….
2: ngene, awakmu kan arek pondok. Masio aku kenale
awakmu arek teater
1: la awakmu butuhe karo aku sing arek pondok utowo
teater
2: karo-karone. Aku butuh solusi cepet sing iso
nyeleseno masalah sekaligus menghibur. Sekalian aku arep atok masalah agomo.
1: yo, masalah opo?
2: nek ono tonggoku mati iku piye carane ngerumat,
maklum, jarang wong sing ngerti agomo.
1: aduh parah ngene iki…
2: iyo mangkane aku takon awakmu selaku arek pondok
RM…..
1: ngene, nek ono wong mati sing pertama kudu disuceni,
utowo didusi..
2: piye carane?
1: gulune ditali, dicemplungno kali, terus digeret
munggah maneh..
2: lak koyo teh celup ngunu?
1: iyo
2: gak atek disabun?
1: yo atek nek iso gawe sabun sing cepet ngilangndno
noda sekaligus busa melimpah. Rinso misale… (tegas) yo gak ngunu
2: la piye…. Aku iki gak ngerti.
1: maksude disuceni iku, dibasuh kabeh awake jenazah
sampai roto, nganggo banyu suci, terus diwudloni..
2: oh ngunu, ngerti aku banyu suci sak wudlune. Lah
terus nek mari disuceni?
1: di bungkus…
2: nganggo opo?
1: godong!
2: godong opo?
1: gedang!
2: lak koyo lontong ngunu…
1: ora bro…. dibungkus nganggo kain
2: kain opo?
1: lepis!. Kain kafan bro…. kain biasa…
2: la warnae?
1: batik. Utowo motif bunga-bunga
2: warnae kok…
1: pink kombinasi ijo pupus. Aduhhhh kok parah sih
awakmu?. Yo dibungkus nganggo kain kafan warna putih, terus dikuncir nduwure
2: dikuncir gae opo?
1: pita. Yo podo karo kaine, warna putih.
2: oh koyo pocong ngunu iku yo….
1: betul…
2: ok, la mari dibungkus terus piye?
1: dilebokno
2: opo?
1: kulkas.
2: loh?
1: dilebokno pendoso bro…
2: oh keranda iku ta? Sing jare kereto jowo rodo papat
rupo menungso?
1: sip.
Terus mari ngunu?
1: disholati, digeleh ngarepe wong sing sholat
2: oh… mayite dadi imam?
1: iyo.
2: lak gak muni, gak iso dieloki uwong-uwong
1: yo meluo turu sisan. Gak ngunu bro, mayite digeleh
ngarepe uwong-uwong diimami wong sek urip.
2: oh….. ngunu ta? Ok ok, paham aku. Lah mari
disholati terus piye?
1: dibudalo
2: nandi?
1: nang pasar
2: lapo?
1: diijolno pindang
2: sing temen toh… aku iki takon tenanan
1: la awakmu nemen
2: memang aku gak ngerti
1: yo ngene iki takon santri sing wong teater.
2: la terus sidane dibudalno nandi?
1: nang kuburan bro….
2: walah… terus mari ngunu piye?
1: kudu wes disiapno kedukan lemah
2: jerone sakpiro?
1: sing sekirane wes nyumber metu banyune lah… sekitar
10 meter
2: kate gawe sumur ta?
1: yo gak, jerone iki sak pengadek sak pengawe.
(berdiri sambil mengangkat tangan) lah sak mene lah jerone
2: ok, terus nek wes ono kedukane?
1: mayite dilebokno terus dilurupi
2: dilurupi opo?
1: damen.
2: terus diobong?
1: yo dilurupi lemah, terus diencepi
2: opo?
1: gender
2: merah putih?
1: gak gendero londo. Diencepi maesan. Batu nisan.
Mari ngunu terus diwur-wuri
2: opo?
1: srundeng
2: sing temen poo….
1: yo diwur-wuri kembang.
2: terus mari ngunu?
1: diwacakno
2: opo?
2: opo?
1: pancasila karo undang-undang dasar
2: upacara lak an?
1: diwacakno talkin karo dungo
2: terus mari ngunu aku lapo?
1: nanggap orkes utowo drumband nok kunu
2: rame lak an?
1: yo muliho! Terus dislameti pas telung dino, pitung
ndino, petang puluh, satus dinane, dihauli, terus sewu dinane.
2: acara slametane lapoan iku?
1: nanggap new pallapa utowo superman is death
2: habib syech gak oleh?
1: cuwwah… slametan iku yo diwacakno tahlil,
didungakno sing mati ben slamet
2: nyampek ta ngunu iku dungane nang wong mati?
1: nyampek lah..
2: kok eroh awakmu?
1: buktine gak ono dungo kanggo wong mati sing balik
nang wong urip. Nek gak percoyo, matio engko tak dungakno!
2: walah ngunu to… ok lah aku wes paham saiki. Aku tak
balik disek
1: ok ati-ati
2: assalaualaikum
1: waalaikum salam (memandangi temannya pergi) sudah
sedemikian rupakah umatmu Ya Rasulullah…..? ( kemudian membuka kertas yang tadi
tertunda untuk dibaca)
AKU MERINDUKANMU, O,
MUHAMMADKU ~
:: Oleh: KH. Ahmad
Mustofa Bisri
Aku merindukanmu, o,
Muhammadku
Sepanjang jalan
kulihat wajah-wajah yang kalah
Menatap mataku yang
tak berdaya
Sementara
tangan-tangan perkasa
Terus mempermainkan
kelemahan
Airmataku pun
mengalir mengikuti panjang jalan
Mencari-cari tangan
Lembut-wibawamu
Dari dada-dada tipis
papan
Terus kudengar suara
serutan
Derita mengiris
berkepanjangan
Dan kepongahan
tingkah-meningkah
Telingaku pun
kutelengkan
Berharap sesekali
mendengar
Merdu-menghibur
suaramu
Aku merindukanmu, o.
Muhammadku
Ribuan tangan gurita
keserakahan
Menjulur-julur kesana
kemari
Mencari mangsa
memakan korban
Melilit bumi meretas
harapan
Aku pun dengan
sisa-sisa suaraku
Mencoba
memanggil-manggilmu
O, Muhammadku, O,
Muhammadku!
Dimana-mana sesama
saudara
Saling cakar berebut
benar
Sambil terus berbuat
kesalahan
Qur’an dan sabdamu
hanyalah kendaraan
Masing-masing mereka
yang berkepentingan
Aku pun meninggalkan
mereka
Mencoba mencarimu
dalam sepi rinduku
Aku merindukanmu, O,
Muhammadku
Sekian banyak Abu
Jahal Abu Lahab
Menitis ke sekian
banyak umatmu
O, Muhammadku –
Sholawat dan salam bagimu –
Bagaimana melawan
gelombang kebodohan
Dan kecongkaan yang
telah tergayakan
Bagaimana memerangi
Umat sendiri? O,
Muhammadku
Aku merindukanmu, o,
Muhammadku
Aku sungguh
merindukanmu
Ulasan
Catat Ulasan