Naskah Komedi "NGIDAM" (Adaptasi Naskah Monolog Ngidam)
NGIDAM
Set 1
PERLAHAN LAMPU MENYALA, TERLIHAT
G DI RUMAHNYA
G :
(improve sak kapok’e) (ngidung).
Ono yuyu, gak ndue lambe. bocah lowayu, memang pancen oye.
kayu pring, iku atos-atos. teater ndrinding, pancen jos gandos.
selamat kepada teater nDrinDinG sing nyelenggarakno kemah budaya.
penak turu nduwur mejo, nabi kawitan jenenge Adam. Monggo pinarak engkang sekeco, mirsani pementasan judule ngidam.
Pegel mari nyambut gawe, arek ayu klambenan ijo. Mas zudi sing ganteng dewe, dek melodi nek gede tak pek'e bojo.
Ono yuyu, gak ndue lambe. bocah lowayu, memang pancen oye.
kayu pring, iku atos-atos. teater ndrinding, pancen jos gandos.
selamat kepada teater nDrinDinG sing nyelenggarakno kemah budaya.
penak turu nduwur mejo, nabi kawitan jenenge Adam. Monggo pinarak engkang sekeco, mirsani pementasan judule ngidam.
Pegel mari nyambut gawe, arek ayu klambenan ijo. Mas zudi sing ganteng dewe, dek melodi nek gede tak pek'e bojo.
Arek teater, sing pinter-pinter, ojo sampe podo keblinger.
Urip nang ndunyo, kudu sing waspodo, ojo nganti dadi sengsoro.
Ibarate, mong mampir ngombe, kudu sing manfaat kanggo liyane.
saiki jula-julian, tak nyilah parik'ane mbah Tohir
aku iki wong teater, sebab aku klebu wong pinter,
bojoku ayu tapi bunder, nek turu wonge mesti mlungker.
Arek manis ojo mangan sate, mangan rong piring ngelu sirahe.
SMAHITS iku pancen oke, teater ndrinding tambah sip ae.
Mbok Rinten kleleken timbo, cukup semanten kidungan kulo.
Wak pa'at ketiban ondo, menawi lepat nyuwun ngapuro.
S :
(masuk) kulonuwun…
G :
monggo, eh, cak Shodiq. Mlebu cak!.
S : Tak
rungokno ket maeng teko njobo kok berak-berok.
G : dari pada setres nok omah dewe koyo wong
gendeng lak luwih enak kidungan toh cak.
S : kidungan yo kidungan, tapi yo gak sak
mletek’egusine ngunu. Banget temen sampe kupingku keri. Anggit riko mok riko
tok sing iso kidungan?.
G :
sampean iso ta?
S : lo
loh loh, aku 5 tahun bareng cak Kartolo, 10 Tahun karo cak Agus kuprit.
G : wah…
sampean melu ngludruk?
S :
bagian gulung kabel.
G :
haduh, tak fikir melu ngludruk.
S : sing
penting laky o iso ngidung.
G :
iyowes, cobo!, dikawiti parik’an disek cak!
S : yo,
ringekno matamu!. Ono tuyul ndandakno kutang.
G : hoe…
ono ta tuyul sing kutangan?
S :
sampean iku meneng ae, arane parik’an yo sak karepe sing parik’an. Sak karepku!
G iyo
iyo, nang tutukno!
S :Ono
tuyul ndandakno kutang, ngalor ngudul ditageh utang. Kayu waru digae areng,
bojo ayu kok gak meteng-meteng.
G :
iyo cak, sampean kok iso ngunu barabg?
S :
aku iki embuh ancene o’ cak. Wes saiki ayo didu wae cak!
G :
opone sing didu cak?
S :
yo parik’ane. Istilahe, doltinuku.
G :
lah aku adol opo cak?
S :
maksude, parik’an, nek aku sing ngawiti, sampean sing nerusno. Ngunu ugo sak
walik’e. tapi kudu bener, nek aku ngomong mburine E, yo sampean kudu akhire E.
A yo A.
G :
walah, yoes, nang ayo, gak wedi blas aku.
S :
yowes, akusek sing ngawiti
G :
monggoh..
S :
dino senen
G :
aku nang mlaten
S :
mlaku-mlaku
G :
karo tuku semen
S :
ono arek wedok
G :
kok ora klamben
S :
barang tak cidek’i
G :
aku diganden
S :
kapok, kok iso diganden loh cak?
G :
iyo arek iku kate adoh, tak cidek’I difiker kate nginceng, yo diganden aku.
S :
yowes, di lanjut.
G :
ok
S :
dino seloso
G :
aku nang jogjo
S :
mlaku-mlaku
G :
karo tuku sego
S :
ono arek wedok
G :
turu nang kloso
S :
barang tak cidek’i
G :
aku disawat boto
S :
dino rebo
G :
aku nang solo
S :
mlaku-mlaku
G :
karo tuku bakso
S :
ono arek wedok
G :
klambenan ijo
S :
barang tak cidek’i
G :
lakok gendruwo
S :
dino kemis
G :
aku nang inggris
S :
mlaku-mlaku
G :
karo tuku gobis
S :
ono arek wedok
G :
kok ireng manis
S :
barang tak cidek’i
G :
bojone iblis
S :
dino jum’at
G :
aku nang (mikir) akhirat
S :
iso ta?
G :
sak karepku, aku sing parik’an.
S :
yoes, balik. Dino jum’at
G :
aku nang akhirat
S :
mlaku-mlaku
G :
karo tuku kawat
S :
ono arek wedok
G :
klambenat coklat
S :
barang tak cidek’i
G :
untune mblesat
S :
dino sabtu
G :
aku nang lowayu
S :
mlaku-mlaku
G :
karo ndelok watu
S :
ono arek wedok
G :
kok ketok ayu
S :
barang tak cidek’i
G :
anak’e lurah lowayu
S :
dino minggu
G :
aku nang waru
S :
mlaku-mlaku
G :
karo tuku bumbu
S :
ono arek wedok
G :
klambenan biru
S :
barang tak cidek’i
G :
gak ndue untu. wes cak gentian,
sawangane kok enak sampean.
S :
boleh, ayo!
G :
dino minggu
S :
aku nguya-ngguyu
G :
mlaku_mlaku
S :
karo ngguya-ngguyu
G :
ono arek wedok
S :
kok ngguya-ngguyu
G :
barang tak cidek’i
S :
sek ngguya-ngguyu
G :
(bingung) dino kemis
S :
aku mringas-mringis
G :
mlaku-mlaku
S :
karo mringas-mringis
G :
ono arek wedok
S :
kok mringas-mringis
G :
barang tak cidek’i
S :
sek mringas-mringis
G :
(tambah bingung) lah sampean kok enak toh cak?
S :
sing penting lak cocok
G :
mboh lah cak, sekarepmu. Kene lunggoh sek! (ajak duduk). Iki ono opo cak, kok
dungaren sampean dolan nang omahku?
S :
gak pop, yo pengen dolan wae, silaturrahmi. Gak oleh ta?
G :
oleh, tambah seneng aku cak.
S :
sampean gak kudu nyuguhi aku ngombe ta?
G :
walah, tak fikir sampean lali cak. Bojoku sek nang took. Sek yo!
N :
(masuk)
G :
la iki opo bojoku. Dek….
N :
opo mas?
G :
iki loh, kenalno koncoku!. Iki jenenge Cak Shodiq.
N :
(salaman).
G :
cak, iki bojoku. O iyo dek, gawekno kopi, loro.
S :
wes gak usah, aku kate repot iki.
G :
loh, maeng jare njaluk gawekno ngombe?
S :
iyo cak, tapi wes gak usah, iki aku kesusu kate repot. Aku tak balik sek.
G :o, ngunu ta cak? iyowes, ati-ati…
S :
iyo, ayo cak…
G :
yo… Kok suwe temen sampean nang toko ae.
N :
aku maeng digodoi wong mas
G :
sopo? Cekkurang ajare wong iku.
N :
iku loh mas, sing senengane nok pangkalan ojek.
G :
tapi sampean gak diapak-apakno kan?
N :
gak mas
G :
gak ono sing kalong kan?
N :
ono mas.
G :
opo dek?
N :
iki irungku, karek sak itik.
G :
gak wes ket biyen ta iku?
N :
hehe iyo mas. Mas, aku pengen ngomong.
G :
ngomong opo dek?
N :
ehm…… aku meteng mas.
G : (kaget) iyo ta dek?
Temen?
N :
iyo mas. Temen, wes sak minggu.
G :
Alhamdulillah, akhirnya..
N :
aku saiki ngidam mas.
G :ngidam
opo dek?, ngomongo!, mesti tak turuti.
N :
aku ngidam……
G :ngidam
opo? Rujak?, bakso?, soto?, sate?, opo dek? Ngomongo! Tak turuti..
N :
ngidamku aneh mas.
G :
ngidam opo? Ngomong ae!
N :
aku kepingin bojoku dipenjara sampe anakku lahir.
G :
heh?, gak salah? Kok aneh ngunu dek?
N :aku
lak wes ngomong se nek ngidamku aneh, jare sampean siap nuruti?
G :
iyo, tapi opo mesti kudu ngunu?
N :
yo jelas toh mas, iku supoyo nakku dadi wong apik, mergane sampean wes tau
dipenjara dadi anakku gak bakal ngrasakno dipenjara. Sampean kepingin anak iki
dadi wong jahat terus dipenjara? Karo cilik’e ngileran mergo ngidamku gak
keturutan?
G :
tapi dek….
N :
wes pokok’e aku ngidam ngunu. Kudu dituruti. Titik! (keluar)
G :
(mikir)
PERLAHAN LAMPU MATI,
Set 2
LAMPU PERLAHAN MENYALA, NA’IM DI
PANGGUNG TERLIHAT ADA DI SEBUAH PANGKALAN OJEK
Na : (Improve, sak kapok’e) kok rame yo?. Ndelok aku yo?.
Mugo-mugo prawan lowayu ono sing seneng aku. Nek gak ngunu yo peserta kemah
budaya iki. Elek-elek yowes sing penting ayu. Piye? Gelem ta karo aku? Gak
gelem yowes….
G :
(masuk, bingung)
Na : hoe, lopo riko kok lingah-lingoh?
G :
(memandang Na tajam) bingung
Na : lapo bingung?
G :
nak panggung teater kok ono singo
Na : nek ngomong sing enak cak!
G :
nek gak enak yo ditambahi bumbune, kurang opo. Terus diparuti klopo cek gurih.
Na : lo lo lo, (menepuk dada, sombong) sopo aku?
G :
wong gendeng
Na : ngawur ngomonge wong iki
G :
yo iyo, mok wong gendeng tok sing gak eroh awake dewe iku sopo.
Na : tambah nglunjak wong iki
G :
motone sampean pilek ta? Aku ket maeng ngadek anteng, kok jare nglunjak?
Katarak ta sampean?
Na : aku iki sing nguasai pangkalan ojek nok kene
G :
oh, berarti riko sing nggodoi bojoku?
Na : penggaweanku panceng nggudoi wong wedok liwat, aku gak
peduli iku bojone sopo.
G :
penggaweane wong gak payu rabi
Na : aku iki preman, dekenganku polisi, koen gak wedi karo aku?,
wani karo aku?
G :
tak wanek-wanekno!
Na : koe iki ancene tiiiiiiiiit
G :
opo iku tiiiiiiit?
Na : iki akeh arek sekolah, teater nDrinDinG yo sekolahane
agamis, nek aku ngomong jancok , utowo misuh liyane lak sawangane. Mangkane tak
sensor.
G :
na iku maeng?
Na : contoh
G` : yo tiiiiiiiiiit dewe
Na : opo iku?
G :
jare gak oleh misuh, berarti ngomong jancok, jamput, jangkrik lak gak oleh.
Mangkane tak sensor dadi tiiiit.
Na : na iku maneng?
G :
contoh
Na : bererti koe wani temen karo aku?
G :
kandani tak wanek-wanek kok!
Na : geger ta?
G :
ayo…. (berantem,mukuli Na)
Na : (ngalah)
G :
awakmu gede, tapi kok gak bales?
Na : hahahahaha… aku wes mblenger nggepuk’i lan digepuk’i uwong.
Saiki aku emoh mbales, tapi wakamu tak gowo nang kantor polisi, aku cek oleh
duek, terus awakmu cek dipenjara.
G :
aku dipenjara cak? (senang)
Na : iyo, lapo kok seneng?
G :
Alhamdulillah, westalah cak, nang ayo nang kantor polisi! (menyeret Na)
Na : (bingung)
LAMPU MATI
Set 3
LAMPU
MENYALA, NENO DIPANGGUNG MENGGENDONG BAYI DI RUMAH
N :
(menyenyi, agar anakya tertidur) arek ngene ae kok metune ewohe glani. Megelno
uwong, olehku ngeden sampek awakku aboh kabeh iki loh. Wayahe metu nang metu
klunyur ngunu lak enak, koyo metune tiiiiiiit. Gak oleh ngomong jorok termasuk
taek, tak ganti tiiiit ae. Eh, mosok anakku tak padakno barang ngunu iku, masio
ngene iki anakku sing ganteng dewe, irunge mbangir koyo irunge ibuk’e sampek
gak ketok blas. Motone blarak-blarak koyo sapi. Alise koyo semut gerak jalan.
Lambene sigar semongko, njeber koyo bapak’e. (nyanyi lagi).
G :
(masuk) dek… (senang)
N :
mas fani? (kaget, takut, sedih)
G :
lapo sampean kok ngunu dek? Bojone moleh kok gak tambah seneng? (mendekat)
N :
(menjauh)
G :
sampean iki lapo dek?. (memandang anak yang digendong N). iku anakku, aku
pengen gendong, pengen ngerti.
N :
(menjauh)
G :
(semakin bingung)
S :
(masuk, kaget)
G :
cak Shodiq (kaget, heran) ono opo iki?, maksude opo iki kabeh?. (nenteng S)
cak, ngomongo, ojo meneng ae, ono opo? Opo sing sebenere terjadi?
N :
(melerai) wes, wes, aku tak ngomong. Mas fani, sampean lali ta nek sampean
mandul, gak iso ndue anak?
G :
aku eleng, aku eroh. Mangkane pas sampean ngomong meteng iku aku seneng, aku
percoyo ambi sampean, aku sueneng pol sampe saip nglakoni opo ae kanggo anakku,
aku yo yakin iku anakku.
N :
ogak mas, iki anakke mas Shodiq. DNAe y owes mbuktekno.
G :
dadi…..(sedih)
N :
iyo mas, aku gak pernah ndue roso cinta nang sampean, opo maneh sampean gak iso
ndue anak, pancene sampean sugih ndue kabeh, tapi sampean gak iso ndueni
atiku. mangkane aku selingkuh karo mas
Shodiq, wong sing paling tak cintai ket biyen.
G :
terus maksude sampean ngidam aku cek dipenjara iku opo?
N :
aku sengojo mas, nek sampean dipenjara, sampe gak iso nafkahi aku lahir utowo
batin aku iso nggugat pegat sampean. Saiki gugatane wes disahno, sampean resmi
gak dadi bojoku, aku wes nikah ambi mas shodiq.
G :
terus sampean biyen lapo gelem kawin ambi aku?.
N :
aku dipekso wong tuoku mas. Mergane sampean luwih mapan disbanding mas Shodiq.
G :
yowes, iki lak omahku, awakmu wong loro nang metu.
S :
gak cak iki omahku.
G :
kok iso?
N :
ket sampean dipenjara, gak ono sing nguripi wong tuone sampean sing wes tuwek,
donyane didol kabeh, lah omah iki dituku mas Shodiq sing saiki uripe luwih enak
timbang sampean.
S :
westalah cak, terimoen ae. Sampean iso gelek bojo maneh sing luweh ayu,
mbangir, duwur sak kepingine sampean.
G :
yowes, kate piye maneh. Iki yo salahku… aku pamit sek, tak nyambangi wong
tuoku.
N :
iyo mas, aku y owes rodok sumpek nyawang sampean.
G :
(pergi kecewa)
S :
mene dolan rene cak, ayo ngidung bareng maneh! (teriak). (mendekati N)
LAMPU PERLAHAN PADAM
SELESAI
Ulasan
Catat Ulasan