Naskah Komedi "NGIDAM" (Adaptasi Naskah Monolog Ngidam)
NGIDAM Set 1 PERLAHAN LAMPU MENYALA, TERLIHAT G DI RUMAHNYA G : (improve sak kapok’e) (ngidung). Ono yuyu, gak ndue lambe. bocah lowayu, memang pancen oye. kayu pring, iku atos-atos. teater ndrinding, pancen jos gandos. selamat kepada teater nDrinDinG sing nyelenggarakno kemah budaya. penak turu nduwur mejo, nabi kawitan jenenge Adam. Monggo pinarak engkang sekeco, mirsani pementasan judule ngidam. Pegel mari nyambut gawe, arek ayu klambenan ijo. Mas zudi sing ganteng dewe, dek melodi nek gede tak pek'e bojo. Arek teater, sing pinter-pinter, ojo sampe podo keblinger. Urip nang ndunyo, kudu sing waspodo, ojo nganti dadi sengsoro. Ibarate, mong mampir ngombe, kudu sing manfaat kanggo liyane. saiki jula-julian, tak nyilah parik'ane mbah Tohir aku iki wong teater, sebab aku klebu wong pinter, bojoku ayu tapi bunder, nek turu wonge mesti mlungker. Arek manis ojo mangan sate, mangan r...